Babag
1
Isuk ing sekolah. Bel muni kaping pisan yaiku
tandane bel masuk. Sakwise masuk ana guru masuk lan nyapa murid-muride. Ing
kelas guru ngajar lan wenehi tugas marang muride.
Guru :” assalamu’alaikum.”
Murid :” waalaikumsalam .”
Guru :” cah... ayo ndang dibuka lks gladhen 17
lan diwaca nggih.”
Bel kesiji muni yaiku tandane istirahat.
Istirahat iki kanca-kanca pada metu kelas lan uga ana
sing ing
njero bereng. Lan dina iki yaiku ketepakan dina mbayar kas. Dila (yaiku bendahara kelas) umek lan
bengak-bengok olehe nariki kas.
Dila :” eh ...kanca-kanca ndang ayo pada mbayar kas. Sing nunggak-nunggak bereng
lho. Ojo lali mbayar ya.”
Erlin :” ya allah lagek ae mlebu sekolah wes
kon mbayar. (lan ngewehno duit)
Tasya :” lha yo to senen-senen mbayar kas, lagek ae entuk duit jajan mingguan kok
wes ditarik ae.”
Dila :” halah pada sambat ae, wes to ndang pada
mbayar. Do we arep nang ndi? Ndang mbayar kas to, kas mu nunggak akeh lo.
Aldo :” ya sek ya.. aku durung di wenehi bapakku duit sabar kek ya.”
Babag
2
Sakwise iku bel muni lan wayahe masuk. 5 jam
sakwise kabeh podo muleh sekolah. Sak tekane Nata ing omah. Nata lan Tasya sms amarga dhekne
ape janjian metu engko sore.
Nata :” tasya...sampean sibuk apa ora ?”
Tasya :” ora, kenapa?”
Nata :” ayo engko sore mlaku-mlaku.”
Tasya :” ayokk, tapi aja dalu-dalu ya.”
Nata :” ya,tapi aja lali izin karo wong tuwa mu !”
Tasya :” oke siap.”
Ing daleme Nata.
Sakdurunge
Nata metu, Nata pamitan karo bapake.
Nata: “ pak,kula badhe medhal.”
Pak budi :”karo sapa ta?”
Nata:” kalihan rencang kulo.”
Pak budi :”oalah ya wis, iki lho sangune, ati-ati yaa...”
Nata :” inggih pak...!! assalamu’alaikum”
Pak budi :” Waalaikumsalam.”
3 jam sak wis e Nata tekan omahe Tasya. Lan arep pamitan karo wong tuwane tasya.
Nata:” assalamu’alaikum”
Bu yuni :” waalaikumsalam.”
Nata:” bu,tasya wonten ?”
Bu yuni:” oh ..tasya. wonten nak!!! Sya... iki
lho digolek’i koncomu.
Tasya:” dalem bu. Inggih bu sekedap.(tekan
ngarep)
Oalah
awakmu ta”
Bu yuni :” arep neng ndi to le?”
Nata :” niku bu, badhe medhal sekedap.”
Bu yuni :” ati-ati ,nek manthuk aja dalu-dalu ya.”
Nata & tasya :” inggih bu (karo salaman).”
Sawise pirang menit ing perjalanan Tasya lan Nata tekan ing taman. Nata lan Tasya lungguh bareng ing salah sawijining kursi
ing taman iku. Nata lan Tasya omong-omongan lan
ora sengaja petukan lia lan rini sing mlaku-mlaku ing taman mau.
Rini: “Ya ...iku lo delok, Nata karo Tasya.
Cah kuwi lho pacaran kaya ora pacaran. Amarga lungguh e ora cedhak lan sifat e ora romantis
blass.”
Lia : “ iya ya... buedo karo aku. Aku luweh
romantis ketimbang cah loro kae.”
Rini: “ya ya guayaneee, ana bener sih apa jeremu, tapi ya iling ae, aja sampek kelewatan.”
Lia:” iyo Rin.”
Tasya lan Nata enak-enak omong-omongan gak sengaja ana bocah ngguwak sampah ing tong
sampah tapi ora klebu. Terus Nata jupuk sampah iku lan ngguwak ing tong sampah. Pas Nata jupuk sampah ana tukang sapu ngerti lan mbatin.
Tukung sapu : “ kayake bocah iku lo pacaran. Cah lanang mau apik tenan, sopan , lan ora neko-neko
nek pacaran.”(mbatin)
Babag
3
Isuke ing sekolahan. Bu guru ngajar lan para
murid pada ngerungokno lan ngerjakna apa sing di wenehi ibu guru. Sak wis e bel muni ping 2 yaiku tandane waktune istirahat. Kanca-kanca pada buyar, ana sing ing kantin, ana sing dolanan PS, dolanan catur lan sak
panunggalane.
Nanging Aldo
lan Lia bedha karo kanca sing laine yaiku ora
gelem kumpul karo kancane malah milih pacaran lan ngomong-ngomong cah loro ae. Kanca-kanca sing dolanan PS (ngerasani Lia lan Aldo ing mburi)
Bima:
“ eh al aldo we lho ora tau kumpul-kumpul karo kene ya. Malah pacaran ae, mosok yo ora
bosen.”
rizal : “ya bim bener apa jeremu, aku dewe yo gelo ambek cah loro wie, ora iso mbagi wektu
lan ora tau panggon nek pacaran.”
Ardi : “iyo bener apa jere cah-cah ndek mau.
Ora iso mbagi wektu lan eroh panggon. Ora kaya awakmu ta, pacaran kaya gak pacaran. (neblek Nata lan guyu ) tapi
awakmu yo bener pacaran eruh panggon lan wayah.”
Nata : “halah awakmu ki ngrumpi ae. Wes-wes
main kana ngomong ae, kalah kabeh engko
malahan.”
Pirang menit sakwise iku Lia lan Aldo ngalih ing njaba, lan ijek tetep pacaran ora mikir kancane. Lia lan Aldo tetep pacaran lan omong-omongan luwih cedhak. Erlin, melinda lan tasya mbalik tekan kantin, banjur ngerti Aldo lan Lia pacaran
cedhak-cedhakan ing ngarep kelas. Erlin, melinda, lan tasya
ngelokno.
Erlin : “ loh... kok malah pacaran ing kene
to. “
Melinda : “ yo piye to, kok malah ing njaba. Awakmu ki ora ing njero
ora ing njaba pacaran ae. apa ora bosen ? Cah loro
ae.”
Erlin : “iyo bener, awakmu i ora tau bareng kanca-kancamu. Cah loro ae ora bosen
opo piye,
mboh.... karepmu.”
Sawise iku Aldo ngomong karo Lia.
Aldo : “ ya wis lah yang aja dipikir cah telu dek mau ora penting. aja
dipikir meneh yo”
Tasya : “ ya ora tak pikir meneh. Ya wes aku tak ning njero ya, mben kene
gak cah loro ae. Engko meneh”
Aldo : “ iyo ndang rono yang. Oke engko meneh.”
Aldo : “ iyo ndang rono yang. Oke engko meneh.”
Akhire bel muni. Wayahe pelajaran lan ngerjakna tugas
sing diwenehi karo bu guru. Pirang jam sakwise ana bel maneh
yaiku bel kanggo istirahat kaping pindo. Cah-cah pada sholat lan ana sing pada mangan awan ing kantin.
Lia lan Aldo mlaku bareng ing kantin.
Aldo : “yang ayok ing kantin. Aku lesu banget ki.”
Lia : “ ayo (mlaku lan gandengan)”
Ing kantin Aldo lan Lia tuku jajan lan lungguh bareng ing gazebo. Lia
lan Aldo guyon lan omong-omongan.
Aldo : “awakmu kok tuku ngombe tok. apa ora tuku jajan to?”
Lia :”ora yang aku ora lesu garai.”
Aldo:”oalah.... oh yo aku ape takok , piye rencanane
tentang anniversary
kene? Ape dirayakno ing ndi? Lan piye konsepe?
Lia :”aku yo durung mikir teko kono. Tapi sing tak masalahna yaiku masalah biayane? Emange awakmu nduwe duwek ta ?
Aldo :”piye ya ... aku ya gak duwe yang?”
Lia :” lha terus piye ?”
Aldo :”oh.. aku nduwe ide. Piye nek kene njupuk duit kas sing digawa bendahara. Yo anggep
ae kene nyilek ndikek duite. Sok nek enek duit di balekno maneh.”
Lia :”duh... kok ngono leh yang ,iku duso lo.
“
Aldo :”tapi piye meneh yang, menurutku iku salah siji ne
cara mben kene iso ngerayakno anniversary
ne. Awakmu pingin to nek kene iso annivesary iki?.”
Lia :”ya wes lah yang aku manut ae. Lha nek
njupuk piye carane yang?”
Aldo :” ya ngene ae aku tak meneng-meneng
njupuk duit kas, nanging nek kelas e sepi lan kanca-kanca pada istirahat. “
Lia :” oalah.. ya wis nanging awakmu kudu ati-atinya. Aja nganti eruh kanca-kanca ya.”
Aldo :” oke sesuk ae ya aku njupuke.”
Babag
3
Isuk ing sekolahan, dina iki aldo nduwe
rencana yaiku arep njupuk duit kas dienggo anivesaryne cah loro kuwi. Akhire suasana kelas iku lagi sepi, Aldo
mulai njupuk duit kas . Aldo meneng-meneng njupuk duit kas, lan clingak-clinguk ben ora
ana seng eruh
yen Aldo seng
njupuk. Nanging ora sengaja ana bocah mlebu, aldo langsung kaget lan kanca sing
eruh mau nakoni. (aldo dredeg lan gugub-gugub jawab pertanyaan saka kancane
yaiku rizal)
Rizal :” eh Do... kok jek ning kelas apa gak melok ing kantin to? lan kenopo kok ing panggone dila? (dila iku
bendahara kelas)
Aldo: “ oh... awakmu to Zal. Akkkuu... (gugub) gak
mek opo-opo aku ngoleki bolpoin ku ae seng ciblok ing ngisor kursi. “
Rizal :” oalah ngono to.. ya wes lah aku ape njupuk duit ku
seng keri ing tas. Ya wes aku ing kantin kek yo.”
Aldo :” ya Zal . engko aku nyusul ya. “
Rizal metu saka kelas lan Aldo mbaleni njupuk duit
kas. Akhire Aldo
iso njupuk duit kas mau,bar kuwi Aldo marani Lia lan ngandani yen uwes berhasil
njupuk duit kas .
Aldo :” eh..yang (ambek ngosngosan) aku wes intuk
duite. aku njupuk 300rb ,iku kayake wes luwih-luwih. ameh ae dek mau aku konangan,
amarga Rizal eruh aku ing bangkune Dila.
Lia :” oalah.. tapi gak apa-apa to. Gak enek seng ngerti
ta?”
Aldo :” ya ora ana.”
Ana Bel muni tandane yaiku bel masuk. Nanging
pas ana guru mlebu, suasana kelas pada
rame. Amarga Dila eruh yen duit kas e ilang.
Wong ing njero kelas iku pada
bingung.
Guru :” ana apa to iki kok rame banget?”
Dila :” duit kas e ical bu. Kula mboten ngertos sapa sing njupuk duite.”
Guru :”bocah-bocah sapa sing njupuk duit kas iki. Aja nganti ana seng mbijuk lho ya!”
Erlin :” mboten ngertos bu kula.”
Guru :” ya wes ngene ae, yen engko sapa sing weruh duite langsung
diwenehna ae
ya!”
Murid-murid :” inggih bu .”
Guru iku nerusake pelajaran lan bocah-bocah
diutus ngerjakna tugas saka guru. Nanging Rizal lan jejerane yaiku Bima omong-omongan.
Rizal :” eh Bim.. kok isa ya duite ilang padahal dek nane dek nane ora ana
masalah kaya ngene. Nanging kok gak ana udan angin kok enek masalah iki.”
Bima :” ya aneh tenan ya Zal. Nanging aku gak percaya yen sing njupuk wong
kelas liya. Kayake bocah sak kelase kene.(bisik-bisik)”
Rizal :” iya ...aku ya ngerasa kaya ngono to Bim. Nanging ndek mau aku
ngerti Aldo
ing kelas dewean lan ing bangkune Dila. Nanging aku ora ngerti mek opo deweke ning kono.”
Bima :”yo iso ae Zal. Nanging kene ora isa nuduh yen ora ana
buktine. “
Rizal :” yo Bim, ya wes lah ben ae, sok lo mesti eruh sapa sing njupuk duite.”
Bel kesiji muni, tandane istirahat. Wayahe istirahat iku kabeh pada istirahat tuku jajan, lan ing kelas ana
bocah 2 lan bu guru. Yaiku pada
ngomong-ngomong ngenani masalah duit kas sing ilang.
Bima :” bu kula badhe tangklet pripun niki?”
Dila :” inggih bu pripun niki, napa kula mawon ingkang nggantos arta kas e?”
Guru :” ora usah dil. Ngenteni sapa sing njupuk duit iku, sabar
ae”
Dila :” oh.. ngoten mawon nggih bu, inggih
sampun bu,maturnuwun bu .”
Moro-moro Rizal mlebu kelas arep ae tiba.
Bima :” ana apa to kok mblayu-mbalayu.”
Guru :” iyo awakmu kok ngos-ngosan. Enek apa to ?”
Bima :” kulo badhe ngendiko ingkang mendhet artanipun Aldo bu.”
Dila:” duh... aja ngono to Zal, awakmu aja
nudhuh Aldo. Apa buktine?
Bima :” aku ora nudhuh. Rizal saksine, zal.. ndang mlebu to”
Rizal mlebu kelas lan rada wedi.
Guru :” zal... omongo ae, apa
seng mbok eruhi?”
Rizal :” niku bu, dek wau kula mboten sengaja weruh Aldo ingkang mendhet artasipun. “
Guru:” duh.. apa tenan iku zal?”
Nata: “inggih bu.”
Dila:” lha
terus pripun bu.”
Guru :” ngene ae ,engko mben ibu sing ngomong karo Aldo. “
Rizal :” inggih bu. matur nuwun bu .”
Sakdurunge muleh Aldo di timbali bu guru
datheng ruang guru lan ditakoni.
Aldo:”assalamu’alaikum”
Bu guru : “walaikumsalam.”
Aldo :”wonten napa bu ?”
Bu guru :” rene lo lungguh sek. Ibu ape
ngomong ,apa bener awakmu sing njupuk
duit kas iku ?”
Aldo : (mikir sedelok) sinten ingkang
ngendhikan bu?”
Bu guru :” wes to pokoke ana .”
Aldo :” mboten bu kula mboten mendhet
artanipun.”
Bu guru :” oalah yo wes.. ora apa-apa. Sepurane lho Do.”
Aldo :” inggih bu mboten napa-napa. Inggih sampun kulo
badhe mantuk rumiyin nggih.”
Bu guru :” inggih ,ati-ati yo Do.”
Sakwise iku Aldo pamitan mulih karo bu guru. Lan pirang menit sak wis’e, akhire aldo tekan omah. Ing omah Aldo sms an karo Lia, amargi cah loro kuwi ape
metu bareng.
Aldo :” yang ... engko enek acara apa ora ?”
Lia :” ora yang ora ana emange kenapa ?”
Aldo :” iyo yang, ayo metu garai aku bosen ing
omah .”
Lia :” yo yang ... aku yo bosen ing omah terus
aku pingin refresing.”
Aldo :” oalah yo wes ... engko tak parani ya.”
Lia :” ya yang ,tak enteni ndek omah yo. tapi aja dalu-dalu yo.”
Aldo :” oke yang.”
Sakdurunge budhal ,ing omahe lia. Aldo pamitan
karo bapak lan ibuke
Aldo :” pak buk.. aku arep budal metu karo
kancaku.”
Pak roni :” ape ning ndi to le? Ape magrib
ki lho?
Bu roni :” arep magrib ki lho le? Opo ora
shalat ashar ndisik to le?
Aldo :” halah ora ngatasi bu, mengko wae nek
kober. Garai wes dienteni karo kancaku.”
Aldo mlayu lan metu tanpa salam. Lan ing
tengah dalan bocah e mbalek muleh amargi lali ora njaluk sangu marang wong
tuwane. sawise mbalek lan teko omah.
Aldo :” assalamu’alaikum.”
Pak roni :” waalaikumsalam. ndoh le kok
mbalek meneh apa sing keri ?”
Aldo :” sangune lali pak. Ndi pak sangune.”
Pak roni : (njupuk duit ing sak’e) “ iki lho
le sangu kanggo awakmu.” (lan weneho duit iku)
Aldo : (ndelok duite) “halah ,sangu sak mene.
Gak cukup iki pak,tambahi to pak. Gur cukup kanggo tuku es marimas ae ngeneki” (anggo nada nduwur)
Pak roni :” ya le tak tambahi. (lan nyelok bojone)
Buk... ndelok jupukake duit ing lemari !”
Aldo : “ inggih pak sekedap.”
Sakwise di jupukno duit.
Pak roni :” iki o le kurangae. (karo wenehi
duit ing aldo). Engko nek mantuk aja
dalu-dalu yo.”
Aldo : “inggih pak. Aku budal rumiyin,suwun
pak . matur nuwun,assalamu’alaikum.”
Aldo metu lan pak roni lan bu roni.
Bu roni :” laa... ya to pak . nduwe anak kok
koyok Aldo
ngene. Njaluk
ae lan mekso sisan.”
Pak roni :” oalah yo wes lah bu, mbeno ae
mugo-mugo sadar yo. “