3 September 2014

TEMBUNG


TEMBUNG

Tembung ing basa Indonesia diarani kata. Tembung yaiku saben rerangken swara kang metu saka jroning tutuk tur ngemu tegese. Tembung uga nduwé teges gabungané aksara kang nduwé arti ing sawijining basa.
Tembung ing basa Jawa bisa dibedakake dadi:
1.     Tembung Lingga (kata dasar)
Tembung lingga iku tembung sing durung owah saka asalé (tembung asal).
Tuladha: pangan, gawa, sapu, tulis, tandur, lsp.

2.     Tembung Wod 
Tembung wod yaiku tembung sakecap utawa sawanda kang wis nduweni teges.
Tuladha: byak, pyar, bleng, bum, thil, klap, cep, dhor, lsp.

3.     Tembung Andhahan
Tembung Andhahan iku tembung kang wus owah seka asliné (tembung lingga).
Tuladha: nangisi, ditukokake, nyelehake, tinulis, lsp.
Tambahan saka tembung lingga iku bisa arupa siji utawa campuran seka:
Ø Ater-ater
Ater-ater iku wuwuhan kang dumunung ing sangareping tembung lingga ing pacelathonan
a.     Ater-ater anuswara
Ater-ater anuswara uga diarani ater-ater kang nganggo swara irung amarga swarane kang mbrengengeng. Kang kalebu ater-ater anuswara yaiku an, any, am, ang (n, ny, m, ng)
Tuladha: mikul, nyathet, nggawa, nulis
b.     Ater-ater tripurusa
Ater-ater tripurusa yaiku ater-ater kang mujudake sesulih purusa. Cacahe ater-ater tripurusa ana telu, yaiku dak-, ko-, di-.
Tuladha: dakpangan, kotulis, disilih
c.      Ater-ater liya
Ater-ater saliyane ater-ater hanuswara karo tripurusa cacahe ana 13, yaiku sa, pa, pi, pra, tar, ka, kuma, kapi, kami, a, ma, pan, pang.
Tuladha: makumpul, katuku, pikukuh, sakantor, pratandha, akarya, kumawani
Ø Seselan
Seselan ing basa Jawa iku ana papat yaiku: -um-, -in-, -el-, -er-
Tuladha:   titah + -um-    =        tumitah
                   tutuh + -in-     =        tinutuh
                   dewer + -el-   =        delewer
                   cuwil + -er-                =          ceruwil
Ø Panambang
Panambang yaiku tembung kang diselehake ing pungkasane tembung kang bisa ngowahi arti seka tembung linggane. Panambang ing basa Jawa yaiku: a, i, e, n, an, enanaakénaniku, mu.
Tuladha: milihi, nitipake, nukokake, kabare, mikira, tutupana, ibuku, tebasen, sastrawan, seniwati, kapitalisme.

Jenising tembung ing basa Jawa kaperang dadi 10, yaiku:

1)    Tembung Aran
Tembung aran yaiku sakabehe tembung kang mratelakake jenenge barang utawa apa wae kang kaanggep barang.
Tembung aran kaperang dadi 2, yaiku:
a.       Tembung aran katon (konkrit), yaiku tembung aran kang bisa kanyatakake dening pancadriya.
Tuladha: watu, omah, buku, tangan, sepatu, lsp.
b.       Tembung aran tan katon (abstrak), yaiku tembung aran kang ora bisa kanyatakake dening pancadriya.
Tuladha: ngelmu, kepinteran, kabudayaan, kaluhuran, lsp.

2)    Tembung Kriya
Tembung kriya yaiku sakabehe tembung kang mratelakake solah bawa utawa tandang gawe.
Tembung kriya kaperang dadi 2, yaiku:
a.   Tembung kriya tanduk (aktip), yaiku tembung kriya kang migunakake ater-ater anuswara.
Tuladha: nyapu, mangan, nggawa, nulis, lsp.
b.  Tembung kriya tanggap (pasip), yaiku tembung kriya kang migunakake ater-ater tripurusa, utawa seselan in, utawa ater-ater ka.
Tuladha: daktulis, koksaponi, digambar, sinawang, katutup, lsp.

3)    Tembung kahanan
Tembung kahanan yaiku sakabehe tembung kang mratelakake sesipatan utawa kahanane barang.
Tuladha: wangi, endah, enak, alus, banter, bungah, susah, mentah, lsp.

4)    Tembung Katrangan
Tembung katrangan yaiku sakabehe tembung kang aweh katrangan marang tembung liya.
Tuladha: bisa, pancen, nembe, radi, ora, isih, lsp.

5)    Tembung Sesulih
Tembung sesulih yaiku sakabehe tembung kang digunakake minangka sesulih uwong utawa apa wae kang dianggep barang.
Tembung sesulih ana 6 werna yaiku:
a.     Sesulih purusa
Tembung sesulih purusa kaperang dadi 3, yaiku:
·        Utama purusa (sesulihe wong kapisan)
Tuladha: aku, kula, kawula, dalem, lsp.
Yen dadi ater-ater: dak-/tak-
Yen dadi panambang: ku-
·        Madyama purusa (sesulihe wong kapindho)
Tuladha: kowe, sliramu, ndika, sampeyan, panjenengan, lsp.
Yen dadi ater-ater: kok-/ko-
Yen dadi panambang: mu-
·        Pratama purusa (sesulihe wong katelu)
Tuladha: dheweke, piyambakipun, panjenenganipun, lsp.
Yen dadi ater-ater: di-
Yen dai panambang: e-/ne-
b.     Sesulih pandarbe
Tuladha: 1) -ku = kanggo utama purusa
2) -mu = kanggo madyama purusa
3) -e/-ne = kanggo pratama purusa
c.      Sesulih panuduh
·        Nuduhake barang
- iki/puniki: barang cedhak
- iku/kuwi/puniku: barang rada adoh
- kae/ika/punika: barange adoh
·        Nuduhake wilangan
Wujude: semene, semono, semana, semanten, lsp.
·        Nuduhake wektu/wayah
Wujude: biyen, winginanae, wingi, mau, saiku, engko, sesuk, suk emben, mbesuk, lsp.
·        Nuduhake papan/panggonan
- kene/ngriki: papane cedhak
- kono/ngriku: papane rada adoh
- kana/ngrika: papane adoh
·        Nuduhake barang sing ora gumathok
Wujude: anu, si suta, si naya, si ...., lsp.
d.     Sesulih pitakon
·        Kanggo nakokake tembung aran (barang) digunakake tembung apa.
Tuladha:
a. Apa wae sumbanganmu kanggo korban bencana banjir?
b. Adhimu mau mangan apa?
·        Kanggo nakokake wong digunakake tembung sapa.
Tuladha:
a. Sapa wae sing tiwas ing bencana banjir mau?
b. Sumbangan beras lan obat-obatan iki kanggo sapa?
·        Kanggo nakokake papan/panggonan digunakake tembung endi/ngendi.
Tuladha:
- Ngendi wae sing kena korban banjir lan tanah longsor?
- Sumbangan sakmenen akehe arep kokgawa menyang endi?
·        Kanggo nakokake cacah digunakake tembung pira utawa sepira.
Tuladha:
a. Sumbangan dhuwit sing dikumpulake oleh pira?
b. Sepira akehe beras sing koksumbangake?
·        Kanggo nakokake kahanane barang utawa tumindak digunakake tembung piye, kepriye, apa sebabe/geneya, lsp.
Tuladha:
a. Piye kahanane sing kena korban bencana alam?
b. Kepriye kahanane kaluwargamu sing kena korbanbencana banjir ing Padang?
e.     Sesulih panyilah
Tuladha: si kuncung, si gundhul, si kriting
f.       Sesulih sadhengah
Tuladha: sing nganggo klambi ijo, sing nduwe mobil biru

6)    Tembung Wilangan
Tembung wilangan yaiku sakabehe tembung kang mratelakake gunggunge barang. Ing basa Indonesia diarani kata bilangan (numeralia). Tembung wilangan kaperang dadi 3, yaiku:
a.     Wilangan babon/wilangan wutuh
Tulada: 0, 1, 2, 3, 4, 5, 6, 7, 8, 9
b.     Wilangan susun
Tuladha: kapisan, kapindho, kaping telu, kaping sanga, lsp.
c.      Wilangan pecahan
Tuladha: seprapat, setengah, 1,25, lsp.

7)    Tembung Panggandheng
Tembung panggandheng yaiku sakabehe tembung kang kanggo nggandhengake ukara siji lan ukara liyane murih ukara dadi dawa. Ing basa Indonesia diarani kata sambung (konjungsi).
Tuladha: tinimbang, nadyan, wiwit, ning, kanthi, nuli, sarta, lsp.

8)    Tembung Ancer-ancer
Tembung ancer-ancer yaiku sakabehe tembung kang gunane kanggo ngancer-nganceri tembung aran. Ing basa Indonesia diarani kata depan (preposisi).
Tuladha: supaya, kaya, kanggo, ing, menyang, lsp.

9)    Tembung Panyilah
Tembung panyilah yaiku sakabehe tembung kang kanggo nyilahake patrap, barang, utaw sawijining bab. Ing basa Indonesia diarani kata sandhang (artikula).
Tuladha: si, sang, sri, para, lsp.

10)                        Tembung Panyeru
Tembung panyeru yaiku sakabehe tembung kang nggambrake wedharing rasa seneng, kaget, kuciwa, gela, susah lan gumun. Ing basa Indonesia diarani kata seru (interjeksi).
Tuladah: lha, lho, o, hore, hus, sokur, walah, heh, hah, lsp.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar